Geguritan utawa Puisi basa jawa iku salah sawijining contone sastra. Geguritan iku ora kaiket dening paugeran tartamtu kaya tembung Macapat. Cacahe larik, jumlahe pada, lan basa ingkang digunakake iku bebas. Ing ngisor iki bakal tak tulisake tuladhane geguritan ugi artine. Pembahasan BAHASA JAWA Alamku Sampun Risak. Rumiyin katingal bening lepenku. Sampun sakmenika reg. Rumiyin katingal luhur wit-witanku. Sakmenika sampun telas. Rumiyin katingal elok segantenku. Sakmenika katingal ala. Kadung risak alamku. Amarga tangan-tangan manungsa. Amarga nafkah. Kesupen marang alam. Nuwun Sewu duh Gusti. Becike alam ingkang Panjenengan titipaken. Sakmenika sampun risak. Geguritan Tema Keluarga. Pangorbanan Rama Srengenge enjang, banjur nyapa aku. Panjenengan dadosaken dinten menika, kangge pangorbananmu. Pangorbanan, kangge madosi rezki. Pangorbanan, kangge madosi ingkang enggal. Panjenengan ajaraken makna parjuangan. ...