CONTOH GEGURITAN BAHASA JAWA
  ELING LAN WASPADA           Saben nonton pawarta ing televisi   Maneka warna nganti bingung anggone mikir   Yen pawarta mau merak ati   Pancen nentremaka lan gawe bungah   Yen pawarta mau ora nggenah dadi susah       Ati iki sangsaya miris banjur ngedumel   Adhuh…, adhuh jaman kok kaya ngene   Paugeran kok dilanggar   Nyawa ora ana regane   Sipat manungsa saya kurang ajar   Tega milara sapadha - padha   Karana amung upa       Mula sing eling lan waspada   Urip ing alam donya   Luwih becik lan prayoga   Padha ngugemi agama   Uga miturut pranataning negara                                       Magelang,   2021                                                               CIDRA           Bagaskara jumedhul gemuyu   Kaya ngece marang aku   Sing dikandhani ora nggugu   Amarga keburu nafsu       Amung sacandra tekamu   Ngrenggan...