CONTOH NASKAH DRAMA BAHASA JAWA
DRAMA BAHASA JAWA - ATIKU KESANGKUT DOMPETMU
Wonten salah satunggaling desa
inggih menika Desa Makmur, wonten keluarga ingkang gesangipun rukun lan sae
inggih menika keluarga Bapak Wahono. Bapak Wahono kagungan putra naminipun
Prima. Prima bocah ingkang sopan lan alus anggenipun ngendika, ananging amargi
srawung kaliyan bocah ingkang mboten jelas, unggah-ungguhipun Prima sampun benten.
| 
   
Bapak  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Le,,,Prima!
  Mbeneo dipek!” 
 | 
 
| 
   
Prima  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Ono opo Pak?” 
 | 
 
| 
   
Bapak 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Terno
  undangan iki neng gone Pak Prapto yo Le.” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Gah aku Pak,
  aku arep mancing.” 
 | 
 
| 
   
Ibu    
   
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Weleh….mbok
  yo nek karo wong tuo ki gek sopan.” 
 | 
 
| 
   
Bapak  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Yo uwes Bu, nek ora gelem yo ora popo.” 
 | 
 
| 
   
Ibu   
   
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Ora iso ngono kuwi Pak, cah enom sakiki wes akeh gek do ora
  reti unggah-ungguh, ojo nganti Prima melu-melu.” 
 | 
 
| 
   
Bapak  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Yo wes…Yo
  wes,,,rasah do rebut.” 
 | 
 
           
Mboten langkung suwe, kancanipun Prima ngampiri.
| 
   
Kunto  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Prima….!” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
(mlayu mekdal
  saking griya) “Weh sipek yo brow aku njupuk kunci motor dipek.” 
 | 
 
| 
   
Rita   
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Yo,,cepet yo
  brow!” 
 | 
 
| 
   
Kunto  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Yo, beres. 
 | 
 
           
Prima lajeng mlebet kamaripun mbakyune badhe nyambut kunci motor, amargi
motoripun badhe dingge mancing.
| 
   
Prima  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Mbak, aku
  jileh kunci motore!” 
 | 
 
| 
   
Zulfah  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Arep nang
  ngendi?” 
 | 
 
| 
   
Prima  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Mancing.” 
 | 
 
| 
   
Zulfah  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Wegah,mengko
  sore arep tak nggo ngeprint tugas.” 
 | 
 
| 
   
Priima  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Alah mbak…rak
  pelit-pelit.” 
 | 
 
| 
   
Zulfah  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Sopo gek pelit? Luwih penting ngeprint mbangane mancing.” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Dilit wes.!” 
 | 
 
| 
   
Zulfah  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Yo, tapi jam
  4 mengko kudu wes bali!” 
 | 
 
| 
   
Prima  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Yoh” 
 | 
 
           
Prima banjur metu saking kamaripun mbakyune, lajeng pamit kaliyan ibuipun.
| 
   
Prima  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Bu, mancing” (sinambi lunga) 
 | 
 
| 
   
Ibu    
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Ealah….mbokyo nek pamit ki sek
  bener.” 
 | 
 
| 
   
Lia   
   
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Mas…mas…aku melu.” 
 | 
 
| 
   
Prima  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Rasah, adek neng omah wae.” 
 | 
 
| 
   
Lia      
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Aaaa….aku melu.” 
 | 
 
| 
   
Prima  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Rasah, neng kono ki eneng
  raksaksane, mengko ndak dicaplok.” 
 | 
 
| 
   
Lia     
   
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Ibu,,,,”(sinambi ndelik wonten
  wingkingipun ibu) “Tapi aku mengko digawakke iwakke gek gedheeeeeeeeeee
  banget. Yo mas yo?” 
 | 
 
| 
   
Prima  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Yo!” 
 | 
 
           
Prima lajeng mancing kaliyan kanca-kancanipun. Saking penakke mancing prima
ngantos kesupen wekdal.
| 
   
Prima  
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Waduh lali aku.” (sinambi
  napuk bathukke dewe. 
 | 
 
| 
   
Rita     
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Ngopo brow?” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Sakiki jam piro?” 
 | 
 
| 
   
Rita     
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
(Ningali jam
  tangan) “Jam setengah lima.” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Waduh, aku sipek yo. Motore
  arep dinggo mbakyuku je.” 
 | 
 
| 
   
Kunto 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Lah rak sido mbakar iwak po ye
  Brow?” 
 | 
 
Dereng ngantos dijawab, Prima lajeng lunga. Nalikanipun madosi kunci
wonten sak, dompetipun kecer. Ananging Prima mboten mangertos amargi kesesa.
           
Saksampunipun Prima lunga, onten Nilam ingkang lewat dalan menika saking tumbas
bumbu masak.
| 
   
Nilam 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
(Mendhet dompetipun Prima) “Dompete sopo yo iki? Ah yo wes go
  mulih wae.” 
 | 
 
           
Saksampunipun wonten griya, Nilam lajeng nyaoske bumbu masakipun dhumateng ibu
Nisah.
| 
   
Nilam 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Bu, niki bumbunipun. Artane
  turah gangsal ewu.” 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Ow yo. Duite peken wae Nok,
  nek tok nggo tuku LKS.” 
 | 
 
| 
   
Nilam 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Mbotensah bu, kula sampun
  nabung kok kangge tumbas LKS.” 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Ow yo wes nek ngono.” 
 | 
 
Nilam lajeng mlebet kamar. Lan bukak dompet ingkang ditemu wau. Dompet wau onten
fotone ananging mboten wonten identitas sinten ingkang nggadhahi dompet menika.
| 
   
Nilam 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
(sinambi ningali foto wonten dompet) “Sopo yo
  iki? Ganteng tenan.” (mesam-mesem)  
 | 
 
            Wonten
dalemipun Prima, Prima bingung madosi dompetipun. Prima tanglet kaleh
keluarganipun.
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Sampeyan ki ngopo to Le? Ket
  mau kok mubeng-mubeng, opo gek ilang?” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“E…mboh Bu! Dompetku ilang.” 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Loh lha adate le deleh neng ngendi? 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Yo neng sak, tapi mau tak
  tilekki wes orak eneng.” 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Coba takono mbakyumu.” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Mbak, ngerti dompetku ora?” 
 | 
 
| 
   
Zulfah 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Dompet opo to? Wong yo duwe
  dompet dewe-dewe kok yo rebut.” 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Oalah….mulakno nek deleh
  dompet ki ora sak nggon-nggon. Neng omah iki rak eneng gek jupuk dompetmu.” 
 | 
 
| 
   
Mifta 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
(Liwat sakngarepe Prima) 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Dek..dek…” 
 | 
 
| 
   
Mifta 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Ono opo Mas?” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Neng ngendi dompetku?” 
 | 
 
| 
   
Mifta 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Dompet opo to Mas? Au ulak
  leti.” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
(Bentak Mifta) “Rasah ngapusi!
  Tok nggo dolanan neng ngendi dompetku, heh?” 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Karo adhine ki ora kasar-kasar ngono kuwi. Karo sing luwih tuo ora boso,
  karo adhine mbentak-mbentak. Gek lelakon opo iki….” (ngelus dada) 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Aargh…mboh.” (Mbanting kursi lajeng lunga) 
 | 
 
| 
   
Zulfah 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Sabar nggeh Bu….” 
 | 
 
| 
   
Bapak 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
(Lenggahan wonten kursi) “Ono
  opo iki?” 
 | 
 
| 
   
Mifta 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Pak Bapak….mau mas Prima
  natali atu kalo ibu kalo mbak Zulfah.” 
 | 
 
| 
   
Zulfah 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Dompetipun Prima ilang Pak,
  lajeng muring-muring.” 
 | 
 
| 
   
Bapak 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Yo wes rak popo. Jenenge we
  lagi kelangan dompet. Wajar nek muring.” 
 | 
 
| 
   
Zulfah 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Pak, menawi Prima dipunleske
  matematika wonten nggene Bu Nisah pripun? 
 | 
 
| 
   
Bapak 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Loh loh loh…kok dadi
  matematika kepriye to?” 
 | 
 
| 
   
Zulfah 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Prima nate ngendika menawi
  mboten saged pelajaran matematika. Bu Nisah niku tiyang ingkang ndemenakake
  Pak, mengke Prima ugi lajeng dipun ajari unggah-ungguh. Pripun Pak?” 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Aku setuju kuwi.” 
 | 
 
| 
   
Bapak 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Yo wes nek ngono. Zul, mengko
  ajaken Prima neng gone Bu Nisah!” 
 | 
 
| 
   
Zulfah 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Nggeh Pak.” 
 | 
 
           
Prima dipun ajak Zulfah wonten gone Bu Nisah. Ananging Prima dereng mangertos
badhe dipun ajak mbakyunipun wonten pundi.
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Arep nang ndi iki Mbak?” 
 | 
 
| 
   
Zulfah 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Ora nang ndi-nang ndi. Wes to sampeyan manud wae.” 
 | 
 
Saksampunipun daleme Bu Nisah.
| 
   
Zulfah 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
Tok…tok…tok…(Zufah ndodok
  lawang) “Assalamualaikum.” 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
(Bikak lawang)
  “Waalaikumussalam. Ow…eneng tamu to. Mlebet rumiyin.” 
 | 
 
| 
   | 
  
   | 
  
   
Zulfah saha Prima banjur mlebu
  wonten dalemipun Bu Nisah. 
 | 
 
| 
   
Zulfah 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Kula Zulfah Bu, niki Prima
  rayi kula.” 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Ow…yo. Niki putranipun Bu Nur
  to?” 
 | 
 
| 
   
Zulfah 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Inggih Bu.” 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Nilam….!” (Ibu Nisah dangu putrinipun) 
 | 
 
| 
   | 
  
   | 
  
   
Nilam lajeng mekdal. Ananging Nilam kaget lan campur seneng amargi ketemu
  Prima inggih menika tiyang ingkang wonten Foto. 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Niki putrinipun ibu, naminipun Nilam.” 
 | 
 
| 
   | 
  
   | 
  
   
Nilam banjur salaman
  dhumateng Zulfah lan Prima. 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Nok, tulung jupukno wedhang
  yo….nggo tamune wakedewe.” 
 | 
 
| 
   
Nilam 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Geh Bu…”  
 | 
 
| 
   | 
  
   | 
  
   
Nilam banjur mlebet nyepakkaken
  wedhang saha camilan kangge Zulfah lan Prima. 
 | 
 
| 
   | 
  
   | 
  
   | 
 
| 
   
Zulfah 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Sowan kula mriki badhe
  ndaftaraken Prima les matematika.” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
Kaget, ananging badhe nolak
  mboten wani amargi sek mertamu. 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Ow,,ngono to…yo.” 
 | 
 
| 
   | 
  
   | 
  
   
Nilam lajeng mekdal nyuguhke
  wedang lan camilan lajeng mlebet malih. 
 | 
 
| 
   
Zulfah 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Dadosipun pripun Bu?” 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Yo,sesuk Senin jam 2 lekase.” 
 | 
 
| 
   
Zulfah 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Ow nggeh. Gegandengan sampun
  cekap, kula lan Prima badhe pamit rumiyin.” 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Weh, lah kok kesesa, diombe
  dikek.” 
 | 
 
           
Zulfah lan Prima ngunjuk lajeng pamitan kalih ibu Nisah.
           
Nalikanipun Prima nembe dolan kalih kanca-kancanipun, Prima nyritakaken
kedadean menika.
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Cah, mosok aku didaftarke les
  matematika to.” 
 | 
 
| 
   
Rita 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Opo?” 
 | 
 
| 
   | 
  
   | 
  
   
“Hahahaha…” (Rita lan Kunto podho nggeguyu Prima) 
 | 
 
| 
   
Kunto 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Ket kapan kowe les matematika
  ki? Hahaha….” 
 | 
 
| 
   
Rita 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Wakedewe ki anak punk men!
  Suwe-suwe kriting rambutmu nek les matematika. Mosok anak punk rambute
  kriting. Hahaha….” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Asem!!! Malah do nggeguyu
  aku.” 
 | 
 
| 
   
Kunto 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Salahmu dewe gelem dileske.” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Tak kiro mbakyuku arep
  ngewangi aku goleki dompet. Eh….jebule kuthuk marani sunduk.” 
 | 
 
| 
   
Rita 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Yo wes brow….aku lan Kunto
  bakal ngewangi goleki dompetmu kok.” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Tenan loh cah… wah sampeyan
  kabeh pancen sohibku paling josss!” 
 | 
 
           
Dinten Minggu sampun kalampahan, sakniki dinten Senin. Dinten ingkang dipuntunggu
Nilam kangge mbalekaken dompetipun Prima. Prima les matematika wonten dalemipun
Bu Nisah.
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Kuwi mau materine, sakiki coba soal iki garapen!” 
 | 
 
| 
   | 
  
   | 
  
   
Prima lajeng garap soal ingkang
  dipunparingi kaliyan Bu Nisah. 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Niki Bu, sampun.” (sinambi maringke garapanipun Prima) 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
(Mriksa garapanipun Prima) “Iki
  wes bener, kurang nulis rumuse neng duwure. Yo wes, gandeng wes sore sakiki
  dipungkasi wae.” 
 | 
 
| 
   | 
  
   | 
  
   
Ibu lan Prima maos Basmalah. Prima lajeng pamit kalih Bu Nisah. 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Assalamualaikum.” 
 | 
 
| 
   
Ibu 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Waalaikumussalam.” 
 | 
 
           
Nalikanipun Prima metu omah Nilam sampun ngenteni wonten jobo.
| 
   
Nilam 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Prima,,.” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Eh, Nilam, ono opo?” 
 | 
 
| 
   
Nilam 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Aku arep takon.” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Yo.” 
 | 
 
| 
   
Nilam 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
(Nduduhaken dompet) “Iki
  dompetmu duduk Prima?” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
(Gumun) “Iyo bener. Kok iso
  eneng neng gonmu?” 
 | 
 
| 
   
Nilam 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Aku nemukake neng dalan cedak
  kali.” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Ow iyo..aku lagi kelingan nek
  aku dek emben mancing.” 
 | 
 
| 
   
Nilam 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
(Maringke dompetipun marang
  Prima) “Maaf geh, wingi aku urung sempet menehke dompet kuwi.” 
 | 
 
| 
   
Prima 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Orak popo kok. Nuwun nggeh.” 
 | 
 
| 
   
Nilam 
 | 
  
   
: 
 | 
  
   
“Nggeh.” 
 | 
 
            Nilam
lan Prima lajeng mantuk. Saksampunipun mangertos menawi Nilam ndemenakaken,
Prima dados bocah ingkang demenakaken ugi. Kanca-kancanipun ingkang badhe
ngewangi goleki dompetipun Prima malah mboten ketemu lan Prima mboten srawung
kalih kanca-kancanipun ingkang mboten sae rumiyin
Sipnopsisnya apa
BalasHapusKnp ending nya nggantung min?
BalasHapusEndingnya ngegantung banget min 👀
BalasHapusBtw, pinjem ya buat tugas praktek bahasa jawa. Terimakasih~
Amanatnya apa nih kak
BalasHapusEndingnya gantung min
BalasHapusAmanat yang di berikan ap??
BalasHapuspiwulang opo kang bisa kapethik saka sandiwara ing nduwur?
BalasHapusKak izin pinjam ya buat praktek bahasa jawa
BalasHapus