SAKA SINDANG WANOH DADI JIPANG
Cerita  iki kawiwitan saka lelakone Sutawijaya kang nembe mudun saka Gunung  Kumbang ing tlatah Salem pinuju marang Karawang, merga wis bubar anggone  mertapa. Sak suwene ana ing Karawang dheweke banjur mulih ngetan tinuju  marang Banyumas. Ing Banyumas, Sutawijaya malah ganti jeneng dadi  Angkawijaya.  Ora  nyana ora nyangka yen ing Banyumas dheweke ketemu karo musuh  bebuyutane. Adipati saka Jipang kang jenenge Arya Panangsang iku musuhe  mau. Merga loro karone wis nduweni dendam kawit mbiyen, banjur loro  karone uga nerusake pertarungane. Ana  ing paprangan kuwi Arya Panangsang nglakokake jaran kang nduweni warna  kulit kelabu, banjur lawane yaiku Angkawijaya malah kawalikane, dheweke  malah nglakokake jaran wedok. Merga kekurang waspadane Arya Panangsang,  dheweke kena serangan saka Angkawijaya kang ngenani wetenge. Sanadyan  wetenge mau wis kena saka tombake Angkawijaya nanging dheweke malah  tetep nerusake anggone perang karo Angkawijaya. Merga Arya Panangsang  kuwi wonge ora bak...