RADEN MAONENG
             Manut critane rakyat pasarean kang misuwur. Pasarean iku dipercaya  dening masyarakat kana minangka papan kramat. Pasarean kuwi yaiku  pasareane Raden Maoneng. Saiki legenda pasarean Raden Maoneng kerep  dipentasake ing kesenian kethoprak utawane pagelaran wayang golek.kana,  dhek biyen kabupaten pemalang diparentah dening Kanjeng Adipati Raden  Tumenggung Soeryonegoro. Raden Adipati nduwe patih kang asmane Patih  Jongsari. Patih Jongsari kesengsem marang putrane adipati kang nduweni  praupan ayu. Nanging sang patih ora wani ngandarake yen dheweke tresna  marang Sang putri.
             Ing sawijining dina, ana Sang Pangeran kang asmane Raden Maoneng teka  ing kabupaten Pemalang. Raden Maoneng kuwi putrane Adipati Madiun. Raden  Maoneng diutus ramane supaya munggah kaji. Manut pangandikane ramane,  Raden Maoneng didhawuhi supaya liwat ing pelabuhan pemalang sakdurunge  nyebrang maring tanah suci. Sang Pangeran ditrima dening Adipati merga  solah bawahe katon sopan. Amarga Raden Maoneng gagah tur ngganteng, Sang  Putri tresna marang awake. Ora dinyana, jebule Raden Maoneng uga duwe  rasa tresna marang Sang Putri.
             Ora let suwe, adipati uga ngerti kahanan antarane putrine karo Raden  Maoneng. Banjur adipati aweh pangastuti marang wong loro mau. Pungkasane  Raden maoneng dipek mantu dening adipati.
             Sawijining dina Raden maoneng matur ngenani tujuan utamane biyen yaiku  munggah kaji. Amarga niyate Raden Maoneng niyat kang suci mangka   Adipati lan putrine oara kabotan yen ditinggal lunga. Malahan nyiapake  kabeh samubarang sing dibutuhake dening Raden Maoneng.
            Patih Jongsari lan para sentana pemalang diutus ngeterke raden Maoneng tekan bandar ing pinggir kadipaten Pemalang.
             Jebul patih isih duwe dendam amarga Raden Maoneng bisa njupuk atine  putrine adipati sing ditresnani awake. Patih nduweni niyat mateni Raden  Maoneng.  Semana uga Raden Maoneng iya mbalik nyerang. Nanging amarga  Patih Jongsari direwangi karo prajurite, Akhire Raden Maoneng kalah lan  mati. Mayite diselehake ing ngisor wit tanjung lan ditutupi gegodhongan.  Getihe sing metu mambune wangi. Saiki papan panggonan mau diarani desa  Tanjungsari. Tanjung tegese wit tanjung, dene sari tegese getih.
            Adipati  nduwe rasa ora kepenak sakwise ditinggal Raden Maoneng. Apa maneh,  entuk laporan menawa Patih Jongsari wis wani ngrayu putrine. Putri  adipati njaluk marang bapake supaya nusul Raden Maoneng. Bajur Adipati  pemalang lunga saperlu arep nglakoni tapa lan nggrogo sukma. Sukmane  adipati nggoleki Raden Maoneng. Kelawan kesaktiane, pungkasane sukmane  Raden maoneng bisa ketemu. Sukmane Raden Maoneng nyritakake kabeh  prastawa kang dilakoni saksuwene lunga saka omah. Klawan panjaluke  adipati, sukmane Raden maoneng nyawiji ing ragane saengga dheweke urip  maneh.
            Raden  maoneng lan adipati mulih menyang kadipaten Pemalang. Sakwise Raden  maoneng mulih, kabeh kejahatan sing dilakoni dening patih Jongsari  kasingkap. Banjur adipati ngutus marang prajurit-prajurit supaya nyekel  patih Jongsari. Patih Jongsari mlayu nyang arah kidul. Nanging prajurit  wis nyebar ing kabeh penjuru. Pungkasane patih Jongsari dikepung karo  prajurit utusane Adipati Pemalang. Saiki desa papan dicekele Patih  Jongsari diarani desa kepungan( ora adoh saka dukuh Mangoneng).
             Patih Jongsari dihukum dening sang adipati merga sangkin gedhene  kejahatan sing dilakoni. Sakwise prastawa mau, Raden Maoneng lan putrine  adipati urip seneng, mulya lan raharja saklawase urip. Suk mbene Raden  Maoneng bisa nganteni Adipati Soeryonegara marentah kadipaten Pemalang. 
Komentar
Posting Komentar