SAKA SINDANG WANOH DADI JIPANG
Cerita  iki kawiwitan saka lelakone Sutawijaya kang nembe mudun saka Gunung  Kumbang ing tlatah Salem pinuju marang Karawang, merga wis bubar anggone  mertapa. Sak suwene ana ing Karawang dheweke banjur mulih ngetan tinuju  marang Banyumas. Ing Banyumas, Sutawijaya malah ganti jeneng dadi  Angkawijaya.
Ora  nyana ora nyangka yen ing Banyumas dheweke ketemu karo musuh  bebuyutane. Adipati saka Jipang kang jenenge Arya Panangsang iku musuhe  mau. Merga loro karone wis nduweni dendam kawit mbiyen, banjur loro  karone uga nerusake pertarungane.
Ana  ing paprangan kuwi Arya Panangsang nglakokake jaran kang nduweni warna  kulit kelabu, banjur lawane yaiku Angkawijaya malah kawalikane, dheweke  malah nglakokake jaran wedok. Merga kekurang waspadane Arya Panangsang,  dheweke kena serangan saka Angkawijaya kang ngenani wetenge. Sanadyan  wetenge mau wis kena saka tombake Angkawijaya nanging dheweke malah  tetep nerusake anggone perang karo Angkawijaya. Merga Arya Panangsang  kuwi wonge ora bakal kenal karo sing jenenge lara.
Sanadyan  wetenge mau lagi lara merga kena tombake Angkawijaya kang wis wisuwur  karna kelandepane kuwi, anggawe usus kang ana ing wetenge Arya  panangsang iku metu lan bisa ketok mata banget. Nanging dheweke uga  tetep terus anggone nerusake perange merga dheweke wis kadhung lara ati  marang Angkawijaya. Supaya usus kang metu iku ora nganggu tingkah lan  lakune, Arya panangsang banjur nglilitake ususe marang bangkean lan ing  pucuke kerise dheweke.
Ana  ing salah sijineng perkara, kang nggawe rada kuciwa, mergane perkara  jaran kang dienggo dening Arya panangsang kanggo ngoyak Angkawijaya mau  jaran lanang, lan jaran kang  dienggo dening Agkawijaya mau jaran wedok.  Sanadyan jaran wedok mau terus ngoyaki jaran lanang, nanging  Arya  panangsang  uga tetep ngadohi supaya bisa mlayu saka kejarane  Angkawijaya.
Saksuwene  pirang-pirang dina anggone Arya Panangsang munggah-mudhun gunung,  nyebrang ana pirang-pirang kali uga mlebu-metu ana ing kebonan wis  dilakokake kanggo lunga saka kejarane Angkawijaya. Banjur dheweke tekan  ana ing salah sijine desa kang wis kalebu ing kawasan Bumiayu,.  Sindangwanoh jenenge desa kuwi. Sak suwene Arya Panangsang tekan ana ing  Sindangwanoh, dheweke banjur ngaso ing bukit kang kiwa lan tengene  diapit dening kali. Tujuane dheweke mung kepengin mbalekake tenagane  sing ilang merga bar mlayu saka kejarane Angkawijaya.
Sakwise  dheweke mbalekake tenagane, dheweke banjur nerusake lakune, nanging  dheweke malah lali karo keadaane awake kang lagi lara merga wetenge bar  kasuduk dening Angkawijaya. Banjur merga kena goncangane jaran kang  ditumpaki dheweke, usus kang dililitake marang pucuke keris mau tugel,  merga kerise mau obah  kena goncange jarane kuwi. “aduh…” swarane Arya  Panangsang nahan larane, banjur ora let suwe Arya panangsang sedo ana  kono.
Kepriye  karo Angkawijaya? Dheweke uga ora nduweni rasa putus asa anggone ngejar  Arya Panangsang. Sakdawane dalan kang dilewati, dheweke uga karo  ngematake tapak jaran kang ngecap ana sakdawane dalan mau. Mula ora  kaget yen dheweke banjur ngerti yen Arya Panangsang pernah ngaso ana ing  salah sijine bukit ing Sindangwanoh. Saka penduduk kana dheweke uga  ngarti yen Arya Panangsang wis seda ana kana.
Nalika  Brebes dipimpin dening kanjeng kyai utawa Surya Singosari Pranata Yuda,  iku tau nganakake tilikan marang Sindangwanoh kang tujuane pengen  nggawe dalan tembusan saka Sindangwanoh parak lurus ngulon marang  Terlaya. Nanging para rakyate ngerasa kuciwa mergane sawahe kang ana ing  jalur kuwi engkone ditutup kanggo keperluane gawe dalan. Banjur para  wargane mau nggawe alesan yen tanah kana kuwi kerep kena longsor.  Kanjeng kyai ora kalah pinter karo wargane, merga dheweke kerasa yen wis  diapusi dening wargane. Banjur kanjeng kyai nyupatani “yen ngono dadia  kaya sing wis dikarepi”. Sakwise kadadean mau, saben taune ing daerah  kono mesthi kena longsor terus.
Bibar  kadadian mau, banjur kanjeng kyai malah kapincut karo bukit cilik kang  sak kiwa tengene kaapit dening kali. Ana kana kanjeng kyai oleh carita  saka penduduke yen mbiyene ing kana pernah dienggo ngaso dening Arya  panangsang/adipati jipang nalika dheweke lagi dioyak dening Angkawijaya.  Sakwise ngerti crita kaya ngono, kanjeng kyai banjur ngganti jenenge  Sindangwanoh dadi Jipang.
Komentar
Posting Komentar