Asal Mulaning Kutha Pemalang lan Gunung Slamet Nalika jaman biyen, ana wong telu kang merguru ing padhepokan Argo Dimillah ing gunung Lawu. Kang lanang, jenenge Bayulan Giri, yen sing wadon jenenge Warih. Wis suwe anggone wongtelu mau ngangsu kawruh ing padhepokan ArgoDimilah, nganti katelune entuk ilmune dhewe-dhewe. Tanpa sadhar Bayu lan Giri tresna marang Warih, lan iku ndadekake ‘cinta segitiga’. Ananging ‘cinta segitiga’ iku malah ndadekake paduning sedulur saperguron mau. Akhire katelune lunga saka padhepokan Argo Dimillah kaperlu nyebarake ilmukang wis pikantuk nalika padha ngangsu kawruh ing kana. Sadurunge pisah, Warih ngucap, sapa wong kang ketemudhisik karodheweke berarti wong kuwi kang bakal dadi bojone. Warih uga pesen, menawa Bayu lan Giri ora kena curang lan kudu lila menawa salah sijine kang bakal dadi bojone Warih. Banjur wongtelu mau luga, Bayu lunga meyang wetan, Warih lunga meyang kidul, lan Giri lunga meyang kulon.