Geguritan

KARO AKU
bebarengan sliramu
mecaki dina-dina kebak puspa
lan warna
prasasat tanpa ana rasa ngelak lan luwe
ora ngerti-ngerti, sedhela tekane esuk marani sore
wewangunan kang awake dhewe gawe sakloron
wis katon endah
sanajan durung ngerti kapan bakal dadi
daksawang netramu
angel anggonku nggoleki (nyurasa) pangucapmu
kaya isih kabotan, sliramu
bebarengan ngadhepi dina-dina kang bakal lumaku
Ngayogyakarta, 14 Januari 2001

Diposkan oleh Irkhamudin


ILIR-ILIR

ILIR-ILIR


kabeh manungsa
kabeh janma kang urip
mesthi
tekan papan kuwi
ora ngerti rama
ora ngerti biyung
ora ngerti anak-bojo
ora ngerti putu
ora ngerti embah
ora ngerti sedulur
ora ngerti awake dhewe
kabeh sarwa putih
samar
kumleyang
“pesthi Gusti”


                                    Purworejo. Mei 1993
(Geguritan di atas dimuat di Kalawarti Umum Basa Jawa DAMARJATI no 59 tahun 2008)


anggitan : Budhi Setyawan

JANJI SEPI

JANJI SEPI
dawane rel sepur liwat tengah alas sawah apadene kutha
prasasat isih dawa janjimu
kang nggawa daya sumringah ing sajroning laku
nlusup ing balung sungsum
angin melu nggoleki playune rasa kang sliramu gawa
netramu yen lagi nyawang jagad
agawe donya njomplang kadya katrajang gara-gara
ora kuwat nyangga bumi
ora kuwat ngreksa budi
angin isih nggoleki aburing kupu
mangsa rendheng udane nggrejih
nanging kali durung akeh banyune
rasa aneh kaya kang wis nate daksasakke
ngebaki guwa pertapan asri
kekidungan dhewe tan kena dipenggak
kadya lali purwa duksina
angin njajah desa milang kori marsudi janjimu wingi
Stasiun Tugu (Ngayogyakarta), 3 Maret 2001
Damarjati No. 62 Thn. 2008 

anggitan : Budhi Setyawan

RON GARING

RON GARING

 Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin

prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring

aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku

ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara

aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan

krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep

kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu

panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati
                                            Palembang, 13 September 2006

anggitan : Budhi Setyawan
sinaubasajawa.co.cc

Komentar

Postingan populer dari blog ini

CONTOH NASKAH DRAMA BAHASA JAWA

UPACARA ADAT JAWA

SEJARAH DESA PENGGARIT