Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2023

CONTOH GEGURITAN BAHASA JAWA

  ELING LAN WASPADA     Saben nonton pawarta ing televisi Maneka warna nganti bingung anggone mikir Yen pawarta mau merak ati Pancen nentremaka lan gawe bungah Yen pawarta mau ora nggenah dadi susah   Ati iki sangsaya miris banjur ngedumel Adhuh…, adhuh jaman kok kaya ngene Paugeran kok dilanggar Nyawa ora ana regane Sipat manungsa saya kurang ajar Tega milara sapadha - padha Karana amung upa   Mula sing eling lan waspada Urip ing alam donya Luwih becik lan prayoga Padha ngugemi agama Uga miturut pranataning negara                   Magelang,   2021                               CIDRA     Bagaskara jumedhul gemuyu Kaya ngece marang aku Sing dikandhani ora nggugu Amarga keburu nafsu   Amung sacandra tekamu Ngrenggani telenging kalbu Ambabar rasa tresna Rinangkul angga myang asta   Nalika ing bangku wiyata Senadyan namung sacandra Ning aku banget percaya Kita baka