Mitoni



Mitoni

Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.

Makna

Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwé raga sing sampurna. Dadi miturut pangertèné wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptané manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7 iki utawa Sapta Kawasa Jati. Reroncèn acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutané yaiku siraman, nglebokaké endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu déning calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokaké klapa gadhing enom), medhot lawé utawa lilitan benang (janur), mecahaké wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhurèn. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senèn awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.

Rangkéyan acara

Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akèh tinimbang upacara ngupati, urut-urutané yaiku siraman, nglebokaké endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu déning calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokaké cengkir klapa gadhing), medhot lawé utawa lilitan benang (janur), mecahaké wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhurèn.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep.

Wektu

Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senèn awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, sadèrèngipun wulan purnamasidhi.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

CONTOH NASKAH DRAMA BAHASA JAWA

UPACARA ADAT JAWA

SEJARAH DESA PENGGARIT