UPACARA ADAT JAWA
Upacara
Langkahan
Upacara langkahan iki katindakake manawa
calon manten putri anggone ningkah luwih dhisik katimbang kakangne kang durung
ningkah. Sadurunge akad nikah, calon manten putri kudu jaluk idin marang
kakangne kang dilangkahi. Tumindake bab iki lumrahe diwiwiti sadurunge
midadareni. Jalaran upacara iki asipat mirunggan, mula lumrahe mung sineksenan
dening kulawarga. Biyen upacara iki ditindakake ing sangareping senthong utawa
kamar tengah, nanging samengko iki katindakake ing kamar manten.
Sadurunge upacara langkah katindakake, kakangne
utawa bakyune siyaga nganggo dandanan jawa lan lungguh sila utawa timpuh ing
papan kang wis
dicawisake. Dene urut-urutane tumindak mangkene:
1. Calon manten ngadhep kakang utawa mbakyune
kanthi lungguh timpuh lan nuli nyembah sinambi kandha utawa ngomong: “Kangmas
utawa mBakyu, kula nyuwun idin badhe ngrumiyini lumampah, saha nyuwun pangestu,
mugi-mugi lampah kula kekalih samangke dumugi papan kang kula sedya lan
manggih seneng, tinebihna ing rubeda sambekala, Amin.”
2. Sawise ngucap mangkono mau, nuli calon manten
sungkem karo ngambung dhengkule tengen dikantheni niat utawa sedya kang tandhes
temenan. Kangmase utawa bakyune nampa
sarana numpangake tangane ana ing pundhake kiwa tengen adhine sarana numpangake
tangane ana ing pundhake kiwa tengen adhine sinambi mangsuli: “ Dak paring idin
lan palilah lumakua dhisik, slamet ora kurang sawiji apa, tekan papan kang kok
tuju. Muga-muga Gusti Kang Maha Agung tansah maringi seneng ing sapandhuwure
lan aku enggal nututi. Amin.” Nuli calon manten lungguh maneh ing papan sekawit
banjur masrahake sanggan kang wujud: pisang raja, kembang telon lan benang lawe
sarta tali asih utawa tandha mata, bisa wujud apa wae.
Upacara
Tumplak Punjen
Upacara tumplak punjen lumrahe
ditindakake nalika wektu ijab kanggo anak wuragil. Sarat-sarat kudu dicukupi
ing upacara tumplak punjen iki yaiku gawe kanthongan-kanthongan cilik kang nuli
diiseni: dhuwit receh utawa logam, empon-empon, beras kuning, lan kembang
sritaman. Ngenani akehe dijumbuhake karo kekuwatane. Kabeh kanthongan
cilik-cilik mau dicemplungake bokor kang uga isine padha karo kanthongan
cilik-cilik mau. Sabanjure kanthongan-kanthongan cilik mau didum-edumake dening
ibune manten maranng anak-anake kabeh, wiwit saka kang barep tekan wuragil kang
bakal dadi manten. Turahane diwenehake marang para tamu. Sabanjure wiji-wiji
kang ana ing bokor siyaga kasebar kanggo putu-putune kareben ora ana kang keri.
Upacara tumplak punjen iki ditndakakake sadurunge upacara sungkeman. Persise
sawise upacara kacar-kucur utawa tampa
kaya lan sadurunge wong tuwane manten kakung dipethuk.
Upacara
Macul Tumpeng
Upacara macul tumpeng iki
katindakake wektu ijab antarane sedulur misan utawa nunggal embah buyut lan
manut sarasilah manten wadon luwih tuwa katimbang manten kakung.Tumindake kudu
di dhisiki nganggo sarat manten kakung macul tumpeng, sabanjure kanthi ngadeg
nrajang benang lawe. Upacara iki ditindakake sadurunge upacara panggih.
Suwalike menawa manut salasilah,
manten kakung luwih tuwa katimbang manten putri, mula manten kakung ora kudu
macul tumpeng, ananging cukup srana nrajang bolah lawe wae. Sawise iku
ditindakake upacara panggih.
Upacara
Nyiram Bugel
Nalika sajroning nindakake akad
nikah mantene wadon wis randha, nanging durung
duwe anak ( randha kembang) sarat kang kudu dilakoni yaiku manten kakung nyiram
bugel, yaiku kayu kang wis
diobong kanggo olah-olah lan isih mengangah ( ana genine). Upacara iki
katindakake ing sangarepe lawang, sadurunge upacara panggih. Suwalike Manawa
kang nindakake ijab antarane prawan karo dhudha durung anak-anak, kang
nindakake nyiram bugel manten putri, uga ana ngarep lawang sadurunge upacara
panggih.
Upacara
Tempuking Gawe
Sajen warna-warna
Sanajan saiki wis
akeh sing ora nindakake, amarga ora laras karo piwulang agama lan nalar ilmiah,
perlu kawuningan bilih miturut cara kuna, wong Jawa sing duwe gawe mantu wajib
gawe sajen utawa pasang sesaji warna-warna. Sing baku bakda pasang tarub, ing ndhuwur tarub
disajeni pisang raja setangkep (pisang sanggan tarub), iki kena dilorot bareng
karo pambungkare tarub. Gunane sejatine kanggo buwahe sing mbubrah tarub. Dene
sesajen sing akeh dhewe: brekatan lan ambengan kendhuri tarub, ndongakake
siraman manten supayane mantene sesuk rancag, slamet, lan ora kurang
sawiji apa. Sajen tumpeng robyong uga dipasang ing pedharingan
(senthong tengah), sajen kanggo kembar mayang, sajen tumpeng mancawarna
cilik-cilik kanggo buwangan mubeng desa (dalan mlebu desa, kreteg, buk, prapatan,
pratelon, lsp.) werdine iku publikasi menawa duwe gawe mantu. Mula saiki ana
sing duwe panemu, lha wong wis
nyebar ulem, rak publikasi sajen buwangan kuwi ora perlu, awit mboborosi. Yen
pancen mantep ngono, sumangga.
Nebus
Kembar Mayang
Kembar mayang utawa Kalpataru sepasang kang aran Dewadaru
lan Janadaru minangka srana (sajen tuwuhan) kanggo dhauping panganten. Saiki
sing gawe lumrahe Pak Kaum (utawa sapa sing didhawuhi Pak Kaum). Sawise kembar
mayang dadi ana upacara nebus kembar mayang. Dene reracikaning upacara
mangkene: Sing duwe gawe mintasraya marang piyayi sepuh sing ing
upacara iki dijenengi Ki Wasitajati, supaya ngupaya sekar mancawarna (kembar
mayang) minangka srana dhauping putra. Ki Wasitajati nuli mangkat. Tekan nggone
sing gawe kembar mayang (ya ing papan saomah kono wae) sing ing upacara iki
aran Ki Kumarajati, Ki wasitajati takon ngendi ana kembang mancawarna kanggo
srana dhauping penganten? Ki Kumarajati mangsuli yen dheweke duwe, nanging kudu
nganggo tebusan. Sawise utusan ngulungake tebusane, kembar mayang diulungake
lan kaboyong dening pandhereke Ki Wasitajati (yen Ngayogya ibu-ibu sepuh, yen
ing Sala putrid-putri enom) dipapanake ing ngarep pedharingan (senthong
tengah). Jaman saiki kembar mayang nuli dipasang ing pedharingan dening sing
gawe dhewe (tanpa ana upacara nebus).
Midadareni
Bengi ngarepake
tempuking gawe (malem ijab) nganti tengah wengi diarani malem midadareni utawa
widadaren, awit dipercaya minangka wektu temuruning widadari. Tegese (a) manten
wadon dicicil dipaesi (dikerik, dilulur, rambut diratus, lsp.) supaya dadi ayu
kaya widadari tumurun lan (b) ana widadari tumurun tenan (juru paese) kang
ndadani manten (nganti sesuke ayu mangling kaya widadari tenan). Upacara iki
dipirid saka crita Jaka Tarub, sing nalika maesi Nawangsih anake, ngundang
widadari Nawangwulan bojone, supaya maesi anake wadon iku, dadi memper
widadari. Wujude upacara midadareni para sepuh padha tirakatan lan juru paes
nyicil maesi kaya kasebut ing ndhuwur. Kanggo cagak lek bisa dianani macapatan
lan sarasehan. Dipungkasi tengah wengi ana upacara Majemukan, yaiku ngrencak
sajen kanggo dhahar bengi tumrap sing padha tirakatan iku. Kuwi mau cara
biyen. Dene saiki, midadareni ya mung ketemu sakulawarga, sore (jam wolunan)
udakara sakjam banjur dhahar lan bubar, merga olehe maesi manten sesuk-esuk
wae. Ateges kaya
ora ana midadareni, mundhak marahi sayah lan ngantuk. Cathetan:
“yen biyen, sadurunge midadareni iki, yen manten nglangkahi kakang utawa
mbakyune, diarani upacara plangkahan. Yen saiki, sing baku tembunge (pratelane)
bilih kakang utawa mbakyu mau nglilani kanthi ekhlas adhine ndhisiki dadi
manten.
4. Ijab utawa
Akad Nikah,
Sejatine Ijab iki sing
paling pokok, awit ya upacara iki sing ngabsahake jejodhoan miturut ukum agama
lan negara saengga lanang wadon duwe layang nikah sah. Upacara bisa ditindakake
ing KUA (Kantor Urusan Agama) uga bisa ditindakake ing ngomah, kang banjur
disambung karo upacara adat sing baku
dhewe, yaiku panggihing temanten.
5. Panggih
(Temuning Penganten)
Sing baku manten lanang teka ing ngarep tarub,
manten wadon methukake. Kembar mayang sing diboyong saka njero (ngetutake
manten wadon) disamplukake manten lanang, banjur dibuwang ing prapatan utawa
pratelon sing cedhak. Banjur ana rerangkening upacara panggih yaiku:
a.
Balang-balangan gantal / sadak
Suruh isi gambir lan
injet dilinting ditaleni benang lawe putih kanggo baling-balangan manten lanang
lan wadon. Cacahe gantal ana 7, sing 4 dicekel sing wadon (gondhang kasih),
sing lanang kebagean 3 (gondhang tutur), banjur kanggo balang-balangan mbaka
siji. Werdine: baling-balang katresnan. Suruh lumah lan kurepe beda, nanging
rasane padha, dadi lanang lan wadon iku beda nanging padha tresnane.
b. Mecah Antiga
Antiga utawa endhog
pitik kampung sing isih mentah, dening ibu juru paes disenggolake bathuke
manten lanang lan manten wadon, banjur dibanting nganti pecah. Werdine:
pecahing wiji priya lan wanita kang bakal mbabarake turun.
c. Mijiki Sikil
Manten wadon mijiki
manten lanang nganggo banyu setaman sing diwadhahi bokor utawa pengaron cilik.
Werdine: wong wadon setya bekti marang sing lanang.
d. Kanthen Asta
Yen ana wong loro napak
pasangan (rakitan sapi utawa kebo) banjur lagi kanthen asta(gandhengan) nganggo
jenthik tangan kiwa (lanang) lan jenthik tangan tengenn (wadon) nuli bebarengan
mlaku tumuju ing dhamparing penganten. Werdine: wis resmi dadi pasangane lan banjur
bebarengan nyanggemi kewajiban
e. Tampa Kaya (Kacar-kucur)
Tekan dhamparing
panganten, manten lanang ngesok kaya ing kacu gedhe neng pangkone manten wadon.
Werdine; wong lanang wajib aweh kaskaya (rejeki) marang sing wadon kanggo
kabutuhane bale wisma.
f. Dhahar
Walimahan
Sing lanang ngepel sega
isi lawuh telung kepelan, mbaka siji diwenehake sing wadon ditampani ing
piring, banjur dipangan (telu pisan sethithik-sethithik) disawang sing lanang.
Werdine: ngecakake kaskaya kanggo karaharjaning kulawarga.
g. Sungkeman
Manten lanang lan wadon
urut-urutan sungkem marang bapa biyunge lan maratuwane. Werdine: wajib bekti
marang wong tuwa lan mara tuwa.
C. Sauwise Tempuking Gawe
Yen saiki wong tuwane
manten lanang arep ngundhuh sepasaran apa ora, kari manasuka, marga wigatining
sedya mantu wis
rampung. Nanging yen biyen bakda tempuking gawe (ijab lan panggih) iku isih ana
upacara sawetara yaiku:
1. Sapasaran
Kanthi kenduri ing
papane manten wadon. Sadurunge iku mbubrah tarub lan jenang sungsuman lan ora
ana upacara, ya mung ditindakake ngono wae.
2. Ngundhuh
Sepasaran lan Boyong Manten
Wong tuwane manten
lanang isih nganakake pahargyan, upamane nganggo wayangan, kethoprak, lsp.
(sajen-sajene uga pepak meh kaya mantu wadon). Ing kene ana upacara
pasrah manten saka pihak wadon marang pihak lanang, isih nganggo oleh-oleh,
rombongan utusan, boyongan manten, lsp.
3. Selapanan
Dianani slametan utawa
kendhuri ing papane wong tuwane manten lanang utawa uga ing papane besan
(sanajan mantene wis
diboyong adoh)
SESORAH
Nuwuhaken
Tresna Bab Basa, Sastra, lan Budaya Jawa
Nuwun,
Agunging pakurmatan
konjuk dhumateng para rawuh, kakung sumawana putri, mirungganipun dhumateng
para kadang mudha ingkang tansah manggih karaharjan. Nyuwun agunging pangaksama
wondene kula sampun kumawantun ngadeg matur wonten ing ngarsa panjenengan
sadaya, nun inggih awit saking adrenging manah anggen kula badhe ndherek urun
rembag menggah babagan kawontenanipun budaya Jawi tumrap generasi mudha.
Para lenggah ingkang kinurmatan,
Ing kalodhangan
wekdal menika kula badhe ngaturaken andharan ingkang magepokan kaliyan
prekawis tresna marang budaya Jawi kanthi sesirah: “Nuwuhaken raos
tresna budaya Jawi tumrap generasi mudha kanthi nyinau basa, sastra tuwin
budaya Jawi”. Minangka purwakaning andharan sumangga tansah ngaturaken
puja-puji panuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang datan kendhat
tansah paring lumunturing kanugrahan tumanduk dhumateng kula lan panjenengan
sadaya. Saengga kanthi kanugrahan gadhuhaning Gusti makaten kalawau, ing
kalenggahan menika kula lan panjenengan sadaya kuwawi kempal kanthi kebak ing
karaharjan miwah kabagaswarasan, kalis ing rubeda nir ing sambekala.
Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,
Sampun kasub bilih
Ngayogyakarta menika katelah kitha pendhidhikan, ingkang tegesipun minangka
papan ngangsu kawruh menggahing samukawisipun ngelmi tumrap para siswa ingkang
mijil saking laladan Ngayogyakarta menapa dene kitha sanes ing wewengkon
nuswantara, kepara malah wonten ingkang saking negri manca. Ngayogyakarta
ugi mujudaken kitha budaya, awit Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat
minangka punjering kabudayan adiluhung Jawi ing tlatlah propinsi Daerah
Istimewa Yogyakarta, dumugi ing samenika taksih nguri-uri adat budaya Jawi
murih mekar saha ngrembakanipun. Manut ewah gingsiring jaman, kanyata samenika
kathah para mudha saking laladan Ngayogyakarta piyambak ingkang sampun kesupen,
nglirwakaken, kepara malah nilaraken bab basa, sastra tuwin budaya Jawa menika.
Temtunipun prekawis menika dados tanggeljawab saha penggalihan kula lan
panjenengan sedaya.
Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan,
Kula pitados bilih
para lenggah, para sutresna Jawa menika boten badhe lila menawi basa, sastra
tuwin budaya Jawi menika ical kasileb ing jaman, kerem ing kahanan, kasoran
dhateng budaya sanes. Sedaya menika boten cekap namung dipuneman-eman kemawon,
ananging betah lampah, penggalihan, kepedulian, kawigatosan, tuwin
lampah nyata ingkang kedah katindakaken magepokan kaliyan babagan menika.
Kadospundi saha menapa kemawon kupiyaning kula lan panjenengan sedaya murih
masyarakat Jawa, mliginipun para generasi mudha ingkang dados agul-aguling
bangsa menika nresnani saha nggilut dhateng budaya Jawa?
Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,
Mangga samya
nglodhangaken wekdal, nglonggaraken saha ngeningaken penggalih kagem nintingi
sedaya menika. Wonten ing era globalisasi samangke, bangsa Indonesia
katuntut siaga saha tanggap ing babagan menapa kemawon kalebet ewahing budaya.
Bab menika boten saged kasandhet amargi budaya menika asipat dinamis,
boten statis saha tansah pados wujud enggal nuting jaman kalakone,
kados siklus organisme. Namung makaten, ampun ngantos budaya
Jawa kanthi gampil kalindhes kepara dene kasoran dhateng budaya modhern ing era
globalisasi. Ing wanci menika kathah bangsa manca ingkang sinau sarta nggilut
budaya Jawi, menapa bakal kalakon ing mangke kula lan panjenengan sadaya kedah
nyinau budaya Jawi ing negari manca? Mlebetipun muatan lokal basa Jawa ing
pamulangan dhasar ngantos menengah menika panci salah satunggaling kupiya kagem
nyembadani perkawis icalipun budaya Jawa. Siswa dipunwulang wuruk babagan basa,
sastra tuwin budaya Jawa kanthi pangajab sageda nuwuhaken raos tresna,
andarbeni saha angrungkebi dhateng budayanipun piyambak. Sedaya punika betah metode
saha cara ingkang cocog dhateng jiwaning para mudha, boten kedah lugu, lugas
lan mlaha menapa wontenipun. Langkung betah variasi, kombinasi, kolaborasi,
saha eksperimen kagem mujudaken sedayanipun. Dene asilipun boten
nguciwani, katitik saking kegiyatan-kegiyatan budaya, taksih kathah para mudha
ingkang purun nyartani. Kadosta ing pentas drama Jawa, karawitan, kolaborasi
etnik-modhern, beksan, macapat, kethoprak, lan sanes-sanesipun.
Komentar
Posting Komentar