Legenda Bandung Bondowoso





Lakuning kodrat manungso seneng miradat. Pestha manungso hambudidoyo pesthi saka kersaning Gusti.
Urip wujudin lelakon kang lumaku pinurbo ing Pangeran, lakon tinulis para pujonggo nut jaman kelakone.
Rikala abad 9, ing Jawa Dwipa. Isih tuwuh glagah alang – alang. Akeh madeg kraton kang darbe gegebengan dhewe – dhewe. Tan prabedo Ratu Buto soko Wana Segoro Prabu Gupolo kang kayuyun Putri Condro Wati ing Pengging Witoradyo. Ing mangko Putri Candra Wati wus ginarwo Prabu Damar Maya. Peputri siji wujud bayi abang, kang diwenehi pusoko asma Joko Bandung.
Ing wanci candra kolo, Dewi CandraWati lagi ngudang Joko Bandung ono ing plataran Prabu Gupolo kang wus nunggu lan ngindik ing gegumbulan niat bakal ngrebut jabang bayi. Prabu Gupolo klakon ngrebut jabang bayi, digowo mlayu nglebu alas gung liwang liwung. Dewi Candra Wati lan Prabu Damar Maya sungkowo penggalihe.
Lakune Prabu Gupolo
Tekan tengah alas, wus ditunggu para buto – buto andahane. Prabu Gupolo teko gowo jabang bayi, Prabu Gupolo dhawuh supoyo jabang bayi dipateni. Para buto banjur tumandang nganggo dolanan bayi sak durunge dipateni. Nanging jabang bayi ora mati, keporo malah soyo gedhe. Pungkasane Betoro Narodo nyaut jabang bayi di gowo munggah mekayangan. Para buto padha bingung goleki ilange jabang bayi.
Ing kayangan, jabang bayine Bandung di jedhi ing kawah Candra Dimuko dadi Joko Bagus lan diwenehi aji Bondowoso, mulo banjur dijenengi Bandung Bondowoso Sak wuse katon cukup ngelmuni lan digdoyo, Bandung banjur dikongkon bantu Ramane  Prabu Damar Maya ing Pengging Witoradyo nyirnakake Prabu Gupolo kang isih ngayunake Dewi Candra Wati ibune Bandung Bondowoso

Kacarito lakune Bandung Bondowoso ngadep wong tuwane yo Ratu ing Pengging Witoradyo di tompo banjur di kongkon nyirnakake Prabu Gupolo ing Wana Segoro. Bandung banjur goleki Prabu Gupolo.
Sak wise nyempal – nyempal bangkene Prabu Gupolo, Bandung Bondowoso niat mlebu Kraton ing Wana Segoro ngoyak para nayakane projo kang podo keplayu niate bakal dikalahke kabeh.
Bareng tekan taman Wana Segoro, Bandung Bondowoso ketemu maring kadange enom Prabu Gupolo kang aran Dewi Roro Jonggrang, wanita ayu, manis, kulit langsep, rikmo ngandan – andan, bebasan Kinang Candra Kinah Rupa. Roro Jonggrang ora gelem jalaran serik atine menawa Bandung Bandowoso wis mateni kakange yo Prabu Gupolo. Semonoa Bandung Bondowoso tetep ngoyak lan tresno. Roro Jonggrang saguh waton Bandung gelem jupuke Gatheng Kencono kang tibo ke jegur sumur. Nanging kabeh mau mung kanggo pawadan anggone bakal nampik lan mateni Bandung Bondowoso kanggo malesake sedane kakange.
Gandheng Bandung tresno banget marang Roro Jonggrang, Bandung saguh banjur jegur sumur. Jonggrang dhawuh para buto supoyo nablek sumur kasebut. Panganggepe Jonggrang, menowo Bandung mati ana ing jero sumur.
Kacarito Bandung kang ana jero sumur kaget lan rumongso di apusi dening Roro Jonggrang. Watu – watu kang kanggo nablek ditebak aji Bondowoso. Sumur biso kabuka. Sumur kasebut dijenengi sumur Bandung
Bandung jumangkah goleki Roro Jonggrang.
Kacarito Roro Jonggrang nganake pesto tekane Bandung. Jonggrang kaget, Bandung nesu – nesu ditompo kanthi seneng dening Jonggrang. Bandung nagih janji, Jonggrang saguh waton biso gawekake wujud candi sewu cacahe sewengi dadi.
Bandung saguh, banjur semedi ngundang para Jin – jin kang bantu kesaguhane Bandung. Wektu iku dino malem Sukro Manis. Jonggrang tansah ngulati tabuh loro candi sewu meh dadi. Jonggrang golek cara supoyo anggone gawe candi badar. Banjur kongkonan para bolo lan wong pradesan nabuh lesung lan gawe obor gedhe pratanda yen wis gagat esuk. Bandung kaget, banjur goleki Jonggrang masrahke Candi. Bareng Candi di itung, lagi gunggung 999. Bandung kaget lan gempung atine. Jonggrang disepatani dadi genepe Candi Sewu.
Yo Candi sabdane Bandung kasebut kang den arani Candi Roro Jonggrang.
Damadini Candi kasebut sumonggo pamirso Allahu’alam.
Pinethik saking carios rakyat Candi Sewu.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

CONTOH NASKAH DRAMA BAHASA JAWA

UPACARA ADAT JAWA

SEJARAH DESA PENGGARIT