Pangantènan adat Jawa




Langsung menyang: pandhu arah, pados

Upacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijiné upacara sakral adat Jawa sing nduwé rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangaké pepanggihan antarané pengantèn putri lan penganten kakung neng kahanan sing kusus kadosdéné raja lan ratu.
Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati yaiku wongtua utawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung.
Rantaman adicara pengantènan adat Jawa ing saben dhaérah béda miturut ekonomi saben kaluwarga.
Upacara-upacara pengantèn adat Jawa antarané:

Siraman

Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Siraman
Acara siraman iku sejatiné upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon pengantèn. Upacara iki diselenggarakaké sedina sadurungé ijab kabul lan dilakokaké ing omahé calon pengantèn putri lan kakung, padatan ing bageyan omah sing rada amba kaya ing mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisan padatan wong tua calon mantèn banjur sedulur liyané uga kalebu pemaes.
Midodaren== Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki duwe kekarepan yen mbengi sakdurunge acara mantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rerangken acara neng wengi midodaren iki séjé-séjé ing saben dhaérah, kadhang ana sing dibarengaké karo acara peningsetan lan srah-srahan.

Srah-srahan

Srah-srahan iku uga diwastani "asok tukon" yaiku calon pengantèn kakung mènèhaké uba rampe lan ragat sing bakal kanggo ngleksanakaké pahargyan penganténan. Tuladhané uba rampé, kayata: beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Saliyané iku sing paling penting ana ing pepasrahan yaiku dhuwit sing tumprapé kanggo ngragati upacara pahargyan ing omahé pengantèn putri.

Ijab kabul

Ijab kabul yaiku acara nalika pengantèn kakung ngucapaké janji bebojoan karo pengantèn putri lan diseksèni wong akèh supaya bisa sah nikahé.

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

CONTOH NASKAH DRAMA BAHASA JAWA

UPACARA ADAT JAWA

SEJARAH DESA PENGGARIT