Contoh Geguritan

 

Geguritan utawa Puisi basa jawa  iku salah sawijining contone sastra. Geguritan iku ora kaiket dening paugeran tartamtu kaya tembung Macapat. Cacahe larik, jumlahe pada, lan basa ingkang digunakake iku bebas. Ing ngisor iki bakal tak tulisake tuladhane geguritan ugi artine.

Pembahasan

BAHASA JAWA

 

Alamku Sampun Risak.

Rumiyin katingal bening lepenku.

Sampun sakmenika reg.

Rumiyin katingal luhur wit-witanku.

Sakmenika sampun telas.

Rumiyin katingal elok segantenku.

Sakmenika katingal ala.

Kadung risak alamku.

Amarga tangan-tangan manungsa.

Amarga nafkah.

Kesupen marang alam.

Nuwun Sewu duh Gusti.

Becike alam ingkang Panjenengan titipaken.

Sakmenika sampun risak.

 

Geguritan Tema Keluarga.

Pangorbanan Rama

Srengenge enjang, banjur nyapa aku.

Panjenengan dadosaken dinten menika, kangge pangorbananmu.

Pangorbanan, kangge madosi rezki.

Pangorbanan, kangge madosi ingkang enggal.

Panjenengan ajaraken makna parjuangan.

Panjenengan ajaraken makna kasuksesan.

Rama, tanpa panjenengan, aku boten bakal dados kados puniki.

Kekajenganku, ora mungkin bakal kegayuh.

Kekajengan kangge ngangsali keberhasilan.

Kekajengan kangge ngangsali kasuksesan.

Ramaku, Srengengeku.

 

Tema Cita-Citaku
Esok awan wengi aku sinau
Kanggo nentoake cita-citaku
Ora ana wektu kanggo nyenengake atiku
Nanging semangatku nyagak sinau

Aku sinau sedina-dina
Tansah ngestokake dhawuhe wong tuwa
Takdua sak kabehing gada
Aku kudu entuk juwara

Oooh… gusti
Paringana rido awak mami
Supaya aku sesok bakti negri
Marakabi mring sesame

Oooh.. abot kaya ngene angele
Nanging aku kudu bisa nelakake
Kanggo ngimbangi rekasane wong tuwa
Bapak, Ibu ben lega atine
Putrane bisa Kabul gegayuhane

 

 


Tema Pahlawanku  

 Pahlawanku  
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika

Komentar

Postingan populer dari blog ini

CONTOH NASKAH DRAMA BAHASA JAWA

UPACARA ADAT JAWA

SEJARAH DESA PENGGARIT