CONTOH GEGURITAN BAHASA JAWA

 

ELING LAN WASPADA

 

 

Saben nonton pawarta ing televisi

Maneka warna nganti bingung anggone mikir

Yen pawarta mau merak ati

Pancen nentremaka lan gawe bungah

Yen pawarta mau ora nggenah dadi susah

 

Ati iki sangsaya miris banjur ngedumel

Adhuh…, adhuh jaman kok kaya ngene

Paugeran kok dilanggar

Nyawa ora ana regane

Sipat manungsa saya kurang ajar

Tega milara sapadha - padha

Karana amung upa

 

Mula sing eling lan waspada

Urip ing alam donya

Luwih becik lan prayoga

Padha ngugemi agama

Uga miturut pranataning negara

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Magelang,  2021

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

CIDRA

 

 

Bagaskara jumedhul gemuyu

Kaya ngece marang aku

Sing dikandhani ora nggugu

Amarga keburu nafsu

 

Amung sacandra tekamu

Ngrenggani telenging kalbu

Ambabar rasa tresna

Rinangkul angga myang asta

 

Nalika ing bangku wiyata

Senadyan namung sacandra

Ning aku banget percaya

Kita bakal sakarsa rasa

 

Nanging kanyatan beda

Kowe lunga tanpa kandha

Jebul gegandhengan karo wong liya

Kamangka tresna wis nabet ing dhadha

 

Aku kudu piye?

Kowe sing cidra ing janji

Amung mburu senenge ati

Ora ngrasakake laraning ati

 

Ya wis ben

Aku kudu tangi saka panalangsa iki

Amarga kok cidrani

Mugi kekiyatan  tansah diparingi gusti

 

 

 

 

 

 

 

Magelang,   2021

 

 

 

 

 

 

 

 

 

DUNUNGE JATI DHIRI

 

 

Ajining dhiri ana ing lathi

Ajining sarira ana ing busana

Unen - unen Jawa kang dadi parikena

Ing ombyaking jaman wiwit kuna makuna

 

Saiki dhiri wis ora ana ajine

Sarira prasasat tanpa busana

Ajining dhiri lan sarira wis ganti rega

Regane bisa ditata miturut apa kang ana

 

Apa iki sing diarani mardika

Mardikane urip sanyata

Tanpa ngajeni dhiri lan sarira

Terus ana ngendi ajining dhiri lan sarira ?

 

Wong Jawa aja nganti kelangan

Ajine dhiri lan sarira

Kang dadi Jatining dhiri

Kanggo ngundhakake drajate manungsa

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Magelang,  2021

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

SERTIFIKASI GURU

 

 

Sertifikasi guru ….

Kabeh wong wis padha krungu

Apa maneh ana kalangan guru

Padha seneng lan gumuyu

 

Nanging … kanthi sertifikasi guru mau

Apa bocah - bocah banjur mituhu

Ora wani karo guru

Oh … ibu lan bapak guru

 

Jebul sangganmu abot

Siswane tumindak lirwa disalahna

Siswane bodho dipaido

Apamaneh yen tumindak durjana

Sangsaya diundhamana

 

Nanging, ora susah pupus ing raga

Pancan wis kaya ngono isine donya

Kudu sabar lan narima

Lan tetep makarya kanggo anak bangsa

Dhimen para siswa akhlake mulya

 

Mugiya kanthi sertifikasi iki

Para siswa tambah bekti

Sinau ana ing sekolah kang mligi

Antep, karep sajroning ati

 

Kanthi sertifikasi guru iki

Para guru ana kang ndhaftar haji

Uga akeh kang tuku mersi

Nanging dudu iku sing diudi

 

Kanthi sertifikasi guru iki

Para sisiwa tambah prestasi

Lan bekti marang ibu pertiwi

Uga marang kang gawe urip lan pati

 

 

 

 

Pemalang,  2021

 

 

 

 

SING ILANG BEN ILANG

 

 

Saupama  ngerti isine atiku

Kowe ora bakal ngilang

Kaya pedhut kang kesaput angin

Kaya embun - embun kang tumetes

Ilang musna ing lemah

 

Nyatane kowe lunga menyang ngendi

Dak enteni rina kelawan wengi

Nanging ora bali - bali

Kaya ambles sajroning bumi

Kabeh mau wis dumadi

 

Kabeh aja digetuni

Nambahi eluh tumetes ingpipi

Kowe sing ngilang tanpa kabar

Nggawa Rasa kang salembar

Pancen kudu lila lan sabar

 

Jodho pati pancen wis pinasthi

Kita kudu nampa kanthi ikhlasing ati

Sing ilang ben ilang

Nyangking sacuwil gelaning ati

Ben katut banter ilining banyu

 

Sing ilang ben ilang

Ra bakal dak gayuh maneh

Wis cukup samene lelakone

Kowe lan aku kudu narima

Kanthi lila lan legawa

 

 

 

 

 

 

 

Pemalang,   2021

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

CONTOH NASKAH DRAMA BAHASA JAWA

UPACARA ADAT JAWA

SEJARAH DESA PENGGARIT