Bahasa Jawa

 DEWI LANJAR

Wis puluhan taun luwih anggonku mergawe dadi tukang gawe prau ing dhukuh Seturi. tansah nir ing sambekala ora nemu rubeda. Nanging embuh kepiye kawitane, dhek 3 taun ke pungkur aku nate mrangguli prastawa sing ora klebu ing nalar.
Pas wayah tengange, wayahe tukang kayu padha lautan, klebu aku jenengku disamarke wae (Surono). Bubar madhang aku sakanca padha jagongan. Ana sing, sedhal-sedhul rokokan tingwe, lan ana kang turon ing bale sinambi gegojegan. Kancaku sarowang pancen padha seneng guyon, yen wis ajeg dadi regeng banget. Malah ana kalane sok omongan "sawaran", tegese ceblang-ceblung omongan nganyelake. Aku sing padatan ora seneng guyon, ndilalah nrambul melu gojeg nganti kliwat wates.


"Heee... Sur. Kowe kuwi menawa kepengin slamet, yen kerja ana kene ki sing bener. Aja clometan ngayawara, aja sembranan. Mengko mundhak ketaman bilahi", ndadak guyonku kandheg. Pakdhe Ramli rowangku sepuh kang wis akeh uyah-aseme, ngelingake. Aku ora nglegewa.
"Allaaaah, tenane? Aku ora jirih kok. Pokoke kabeh-kabeh dakpasrahake Gusti Allah. Yen kerjaku bener insya-Allah slamet, ora bakal ana apa-apa" semaurku. entheng.
Aku kang nate antuk wejangan Pak Kyai, ora maelu karo bab anane crita takhayul kasebut. Kandhane Dhe Ramli mau ora dakgape. Ning pancen ana dongeng takhayul, menawa sing dianggo lokasi Dhok-prau ing panggonan kerjaku kuwi, ujare wong ing desa kono kahanane "angker" bin wingit. Papane cedhak kah gedhe hawane singup, lan tintrim. Satleraman kaya ana rasa aneh. Aku dadi dhag,dhigdhug.


Kaya padatan, wand lautan aku ngringkesi alat-alat arep bali. Wayah jam 5 sore aku wis tekan ngomah. Sawise ngaso sawatara aku. adus byar byur, rasane penak lan seger. Rampung sholat Asar, aku nembe mangan sore. Bubar mangan aku leren sedhela, mapan turon karo ngenteni wayah sholat Maghrib.
Ya ing nalika turon karo nyambi nunggu wand sholat Maghrib iki, aku mrangguli pengalaman aneh. Nganti gawe gegere kabeh kulawarga, lan anak bojoku ing ngomah. Aku ngalami mati suri. Ing wektu kuwi akau semaput ora sadhar, nganti tekan 15 dina. Jrone wektu setengah wulan mau, aku. ngalami koma mung ngathang-athang wae ana ngamben. Keteg nadhiku isih ana, nanging wis ora sadhar. Aku dadi layatan tangga sakiwa tengen omah.
Eloke jrone mati suri iku, prenahe kaya biasa aku lagi kerja ing dhok kapal duweke juraganku aran Pak Muh. Udakara jam 11.00 awan juraganku. wadon Bu Muh, ngundang. Aku diaJak menyang dhok prau hyan, nyambangi kahanane wong kang padha kerl a gawe prau. "Ayo, dakajak niliki dhok prau sisih kana. Mengko, piye perkembangane mungguh pamawasmu", pangajake Bu Muh karo, sajak kesusu.

Aku gumun. Ora kaya biyasane Bu Muh kuwi melu ngaru biru, babagan thek kliwere wong gawe kapal. Lha kok saiki ngajak mirsani ing dhok prau. "Aja-aja wong wadon iki bangsane peri, kang memba dadi Bu Muh". ing kene aku dadi sujana. Ning kanggo sauntara rasa sujanaku isih daksumenekake, sabanjure aku ngetut wuri bendaraku, ndeleng sesawangan wong gawe prau.
Bu Muh ngajak kliling ngontrol wong kerja gawe kapal, nanging ora suwe dheweke pamit ninggal aku mbuh ditinggal nyang endi. Aku kari dhewe ndeleng wong gawe prau, ana nge-dhok kasebut. Ing kene aku wiwit krasa ana kahanan,nyleneh, lan nyalawadi. Aku weruh karyawan tukang kayu kang padha gawe prau, katon seragam pakeyane putih-putih kabeb. Sing ketara nyleneh, wong-wonge kang padha kerja katon pucet-pucet kabeh raine. Lan anehe, kerjane kok mung padha meneng-menengan wae. Tegese antarane tukang siji klawan tukang liyane. ora ana sing caturan utawa gegojegan. Jroning ati, aku nembe yakin yen keblasuk ing alam kajiman sawise ana kedadeyan iki.

"Lho apa kuwi? Jabang bayiiiik.....", ana sesawangan nggegirisi. Aku kaget. Lagi asyik ngematke wong gawe kapal. Ujug-ujug bangsane palu, pendel, pethik lan graji sing dianggo mergawe lha kok mak trilap malih dadi balung-balung manungsa. Kayadene palu malih dadi balung sikil, pethik malih dadi balung tangan, pendel malih dadi bageyan gigir/rangkane manungsa. Aku dadi wedi banget nyipati keda deyan kasebut. Jantungku nitir, githok krasa kandel lan mrekitik wulu kalongku. Awakku dadi wel-welan. Terus mak lappp, ilang kaya disihir.
Bubar kuwi let sedhela wong-wonge kang mau padha nukang, sing genti malih dadi tengkorak/jrangkong urip. Katon lucu, padha pethakilan kerja neng prau. Anehe piranti palu, pethik, pendel, sarta graji kang dianggo kerja malih maneh wujud wesi kaya asline. Dadi yen mau aku weruh wong keila nganggo balung manungsa, saikine ana "Jrangkong urip" padha mclu, mendel, methik Ian nggraji gawe prau, jan biiih medeni banget.

Durung mari kagetku, sepisan maneh anane kedacleyan aeng kang gawe ciyuting atiku. Prau sing katon wis meh rampung digarap dening dhemit kasebut, clumadakan mak jeriggeleg malih dadi kewan "baya" gedhe. Ilate melet nganti sak tampah ambane. Terus lap, baya iku awake wis dadi kaya geni murup ngalat-alat. Nganti ngowoh aku nyawang wewujudan medeni kasebut. Atiku kekes, kulit dakJiwit wis ora krasa blass.
Enteking lelakon, baya apengawak geni mau Iha kok marani aku arep nguntal. Cangkeme mangap saamba-ambane kaya lawange guwa, jembar banget. Erame bareng daktamatake prenah ing telak baya iku, ana papan saemper kaca amba banget. Ban jur semorot persis kaya yen tivi arep mainake, terus trilap katon muncul ana tulisane Arab, sing unine "Laa yamuutu wa Laa yahya". Let sedhela banjur trilap ganti maneh karo tulisan kang muni "Illa biidznillah", kaya lagi ndeleng ekstra. film bioskup arep main kae.

Bubar kuwi Ujug-ujug pindha thathit, bayane maju arep nyaplok aku. Saking gilane aku riggembor sakayange, terus mak pet aku semaput lah purwaduksina.
Ing dina kaping 15-e aku nglakoni mati suri, nalika dioyak-oyak "Baya Geni" murup ngalad-alad nganti semaput, kaya ana sawenehe pawongan kang aweh tetulung marang aku. Prenahe aku lagi mapan turu ing tempat tidhur. Ning nembe arep makless, krasa kaya ana wong gugah-gugah.
Ing ngarepku wis ana Pak Kyai Mukhlasin, katon isih umak-umik ndonga sarwi ngasta tasbeh. Dheweke kang sasuwene iki, wis kasdu kalir bantuwan nyambung umurku.
"Akhamdulillah saiki kowe wis slamet, Nak Sur", kandhane wong iku karo mesem ngulati aku. Aku mung bisa manthuk. Sebab ora bisa omong, swaraku ilang kaya wong bisu. Ora krasa. luh saka mripatku rigel, kanggo, asung panuwunku marang Allah SWI'. Aku saiki wis uwal saka bebaya, luput dening pambegale bangsa lelembut, yaiku dhemit gedibale "Dewi Lanjar", peri sing manjilma kadidene Bu Muh bendaraku wadon kang ngaJak plesir nyang alam kajiman.
Alhamdulillah, saiki aku isih bisa kumpul bareng kulawarga anak-bojo. Sawise 15 dina suwene kataman musibah mati suri, dhek taun 1998 kepungkur. Kesasar mlebu kratone peri Dewi Lanjar, dhemit sing nguwasani Pesisir segara Laut-Jawa ing tlatah Batang-Pekalongan. Anehe senaJan ing donya kene aku lara nganti 15 dina, ing alam kana rasane 1ha kok mung sedina. Pangrasaku ing kana kaya kerja sedina esuk mangkat lan bali wayah sore.
Malah ana kalane sok omongan "sawaran", tegese ceblang-ceblung omongan nganyelake. Aku sing padatan ora seneng guyon, ndilalah nrambul melu gojeg nganti kliwat wates.
Bubar kuwi let sedhela wong-wonge kang mau padha nukang, sing genti malih dadi tengkorak/jrangkong urip. Katon lucu, padha pethakilan kerja neng prau. Anehe piranti palu, pethik, pendel, sarta graji kang dianggo kerja malih maneh wujud wesi kaya asline. Dadi yen mau aku weruh wong keila nganggo balung manungsa, saikine ana "Jrangkong urip" padha mclu, mendel, methik Ian nggraji gawe prau, jan biiih medeni banget.
Durung mari kagetku, sepisan maneh anane kedacleyan aeng kang gawe ciyuting atiku. Prau sing katon wis meh rampung digarap dening dhemit kasebut, clumadakan mak jeriggeleg malih dadi kewan "baya" gedhe. Ilate melet nganti sak tampah ambane. Terus lap, baya iku awake wis dadi kaya geni murup ngalat-alat. Nganti ngowoh aku nyawang wewujudan medeni kasebut. Atiku kekes, kulit dakJiwit wis ora krasa blass.

Enteking lelakon, baya apengawak geni mau Iha kok marani aku arep nguntal. Cangkeme mangap saamba-ambane kaya lawange guwa, jembar banget. Erame bareng daktamatake prenah ing telak baya iku, ana papan saemper kaca amba banget. Ban jur semorot persis kaya yen tivi arep mainake, terus trilap katon muncul ana tulisane Arab, sing unine "Laa yamuutu wa Laa yahya". Let sedhela banjur trilap ganti maneh karo tulisan kang muni "Illa biidznillah", kaya lagi ndeleng ekstra. film bioskup arep main kae.
Bubar kuwi Ujug-ujug pindha thathit, bayane maju arep nyaplok aku. Saking gilane aku riggembor sakayange, terus mak pet aku semaput lah purwaduksina.
"Hehhh, Sur, jare kowe mung precaya karo, Gusti Allah wae. Tangi dhisik iki wis wancine sholat Asar". Mak gragap aku kaget. Embuh sapa wonge sing wis nggugah, aku ora ngerti. Aku nglilir prenahe wis jam 4 sore, terus tata-tata arep mulih. "As' taghfirullahaladzimmm . . ." kaya padatan ndilalah tutukku entheng banget maca istighfar. Bareng mripatku melek mak byarr . . . jebul awakku isih rigathang-athang ana dhipan, dirubung wong akeh.
Ing ngarepku wis ana Pak Kyai Mukhlasin, katon isih umak-umik ndonga sarwi ngasta tasbeh. Dheweke kang sasuwene iki, wis kasdu kalir bantuwan nyambung umurku.

 

DEWI ANJANI

Dewi Anjani atmajane resi Gutama patutan karo dewi Windradi di hya dewi windarti sawijinning widadari, kalebu matasaning widadari ing Kahyangan Kaindran. Anggone dadi garwane Resi Gutama awit saking nugrahaning Sanghyang Bathara Indra dene banget anggone suyut sujud ngabekti ing pangeran Hyang Bathara kang akarya jagad.
Dewi Anjani duwe rayi kakung loro yoiku Raden Anjana lan Anjarnaka. Sadurunge apes rewanda, Dewi Anjani kuwi endahing warna tan prabeda lawan ingkang ibu. Salagane solah bawa wicarane bebasan kaya jambe sinegar, mula ora mokal yen bareng wis ngancik remaja putri tansah dadi sekar lathi. Dhasar atmajane Sang Resi kang putri mung siji, panyuwune tansah dituruti uga karo ibune sang Dewi Windarti.


Kacarita Sang Bathara Surya kang wis kagungan garwa widadari sakembaran Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni, nanging isih kersa sambung tresna karo Dewi Windardi, garwane Resi Gutama. Mula sang dewi paring sarana kang nyulawadi, yaiku: Cupu Manik Astagina. Mungguh katiyase jimat mau: kena kanggo sambung wicara, loro kanggo matak aji pameling lan kanggo nyumurupi kahanan ing kahyangan.


Pitungkase sang Bathara Surya marang sang dewi wanti-wanti , “ Yayi Windarti, Cupu Manik Astagina iki tampakna minangka sarana yen sira ana karya lan swasana kang prayoga. Away kongsi kasumurupan dening liyan bebrayan, mbebayani banget.”
Nanging rehna kurang waspada, nuju sawijining wanci nggone mirsani kadenangan Dewi Anjani. Ingkang ibu ngguyu lan ngendika, nuli ditunggu sawetara. Bareng wis rampung lan arep disimpen, disuwun dening Dewi Anjani, njur saking tresnane marang putra diparingke kanthi pitungkas aja nganti konangan sapa bae. Malah nalika Dewi Windardi sowan ing kahyangan uga nate sambung wicara karo Dewi Anjani. Kagawa saka yuswa, anggone dolanan cupu manik astagina kurang ngati-ati, kaweruhan dening emban swareh,lan enggal-enggal didhelikake. Emban Swareh wadul kaliyan cantrik pamonge Anjana lan Anjarnaka yaiku Jembawan. Kabeh pada sujana, banjur liya dina diinjen maneh.


Nalikane konangan banjur cupu mau dienggo rebutan. Ramene rebutan keprungu dening Resi Gutama. Banjur mangertosi bilih ramene mau kerana rebutan cupu, banjur Dewi Anjani didangu olehe entuk barang kuwi saka ngendi. Dikandhaake antukke saka Dewi Windardi.
Sang garwa matur blaka, kang banmjur nggawe pepeting jagad Ngalengka. Dewi Windarti diusir, Cupune dibuwang dadi Tlaga Nirmala lan Sumala. Tlaga Sumala kang njalari apesing Dewi Anjani bareng emban swareh. Lan sedulur-sedulure wujud wanara kabeh. Nalika dadi wanara kabeh, banjur nyuwun ruwat dening sang Resi Gutama. Nanging bisane bali kaya maune kudu nglakoni tapa brata.

Kacarita Dewi Anjani kang dikancani Emban Sawareh, mung tansah kungkum ing Tlaga Mandirda, ora nate dahar yen ora ana panganan kan tumiba ing tutuke. Anggone lara lapa mung ngarep muga katarima kanggo panebusing laku,numusana sabda tama ingkang wus kawedar.
Pinuju sawijining dina Hyang Paramesthi guru nglanglang jagad nitih Lembu Nandini. Tekan sadhuwuring Tlaga Madirda tumenga mangisor pirsa cahya sumunar, bereng dipirsani kanthi permati jebul ana wanita kang ngambang nyanthukna ing gampenging tlaga tanpa awer-awer. Padha sanalika kataman dhayaning asmara kama korut tumiba ing jroning kamal (sinome) kang manglung ngayomi tlaga. Bareng kumleyang tumuba ing pangkone Dewi Anjani, sinom didahar. Dene lepehane didhahar dening Emban Swareh. Kekarone banjur nggarbini rumangsa ora nate gepok senggol marang priya, kekarone gumun kok bisa ngandhut. Bareng wis tekan wahyaning mangsa kala sarta krasa ngranuhi, Bathara Bayu rawuh, paring pirsa yen kang kinandhut iku kamane Bathara Guru.

Mbarengi tumuruning Bayu Kanetra kairing Bayu Bajra manjing ing guwa garbane Dewi Anjani tan panthara sinidhikara lair jabang bayi kakung wanara seta macahya mancur. Mangkono uga Emban Swareh babaran bayi lanang. Putrane Dewi Anjani kaparing asma Raden Senggana utawa Anoman, kang dilairke Emban Swareh kaasma Kapi Swedha, tegese kethek ireng. Kekarone kedhawuhan ngawu-awu menyang kahyangan dene Dewi Anjani lan Emban Swareh nuli karuwat Bathara Bayu bali jati waluya.

---------------------------------------------------------------------------------------------------------------

PATILASAN JARAN SEMBRANI



Mitos Saking Kedu

            Ana ing desa Ketangi, kecamatan Kaliangkrik, kabupaten Magelang. Ana ing kedhung desa ketangi kang biasane digunakake masyarakat, ana watu ing sapinggire kedhung mau masyarakat sakiwa tengene percaya petilasan jaran ing watu kuwi tapak jaran sembrani. Miturut crita sesepuh desa nyeritakake menawa ana jaran duwe suwiwi napakake sikile ning watu. Crita crita saka masyarakat menawa jaman biyen jaran sing bisa mabur kuwi lagi leren ngombe ana ing sapinggire kedhung, ananging kaget amarga ana pawongan kang ngonangi weruh jaran senbarani kuwi, saka kagete jaran sembrani mabur lunga lan salah siji sikile njejak watu nganti napak. Pancen bener bisa dibuktikake anane patilasan jaran sembrani mau kuwi, amarga ana tapak jaran ning watu jerone kira kira 2 cm.
            Masyarakat sakiwa tengene uga percaya menawa patilasan jaran sembrani kuwi mujarab. Biasane menawa ana sing duwe ana cilik durung bisa mlaku banjur di jak ning petilasan jaran sembrani, bocahe dikongkon ngidak idak watu petilasan tapak jaran sembrani. Nanging pancen mujarab bocahe ora let sedela bisa mlaku thimik thimik, kuwi bisa dibuktikake amarga ana ing kono masyarakat sakiwa tengene asring nggowo anak cilike yen durung bisa mlaku menyang patilasan jaran sembrani. Nanging kabeh kuwi mung kapercayan lan anane crita saka masyarakat.
            Tekan seprene jarene masyarakat ana ing kana jaran sembrani mau isih asring ngetok ning sekitar kedhung anggone napak ana ing watu kuwi. Amarga akeh sing weruh, biasane jaran sembranine ngetok wayah surup. Crita kaya ngono kuwi bisa dipercaya bisa ora.

 

  ----------------------------------------------------------------------------------------------------------

ASAL-USUL TEGAL

Tegal kuwe asale saka tembung Tetegal sing artine sawah sing bisa ditanduri palawija. Asal-usul Tegal ora bisa dipisahna karo tokoh Ki Gede Sebayu sing urip sekitar taun 1980. ki Gede Sebayu asale saka Kerajaan Pajang. Kerajaan Pajang dikalahna dening Kerajaan Mataram, akeh priyayi muda lan bangsawan lunga ngumbara nggolet panguripan sing anyar. Ki Gede Sebayu ngumbara parane ngulon.
Ki Gede Sebayu mangkat karo Raden Sidawini. Ki Gede Sebayu karo Raden Sidawini nglewati alas-alas. Ana ing alas akeh begal, dadi Ki Gede Sebayu lan Raden Sidawini ora mung bekal dhuwit nanging bekal ilmu agama lan ilmu bela diri.



KiGede Sebayu lan Raden Sidawini anjog neng dhaerah Pemalang sing wis akeh penduduke. Sak wetara Ki gede Sebayu karo Raden Sidawini manggon neng Pemalang. Sawise pirang-pirang taun neng Pemalang Ki Gede Sebayu lan Raden Sidawini ditampa dadi tokoh masyarakat. Ora let suwe, Raden Sidawini diangkat dad bupati Pemalang.
Ki Gede Sebayu nerusna ngumbarane mring kulon nggoleti Ki Wana Kusuma. Ki Wana Kusuma yaiku salah sijining priyayi keturunan Patih Kerajaan Demak. Ki Gede Sebayu karo Ki Wana Kusuma ketemu neng tetegal, awit kuwe KI Gede Sebayu nduweni niyat yen dheweke pan netep neng dhaerah kuwe. Sawise Ki Gede Sebayu oleh piwulang saka Ki Wana Kusuma, dheweke wis bisa nata masyarakat, mangkane Ki Gede Sebayu diakoni dadi sesepuh. Desa tetegal dadi rame penduduke ana sing dadi tani, dagang lan nelayan. Tetegal sing rame penduduke dipercayakna mring Ki gede Sebayu. Dheweke diangkat dadi demang. Saiki kira-kira setingkar karo kepala desa. Wektu kuwe tetegal esih wilayah kadipaten Pemalang. Ki Gede Sebayu mimpin tetegal mikirna kepentingan penduduke. Buktine dheweke bisa mbangun Bendungan Danawarih, kanggo mbanyoni tegalan utawa sawah sing ana sakiwa tengene.
Ki Gede Sebayu seda sakwise mbangun bendungen Danawarih. Sawise dheweke seda desa tetegal dipimpin dening anake yaiku Ki Gede Honggowono. Dheweke diangkat dadi Demang. Ki Gede Honggowono seda diterusna dening putrane sing jenenge Ki Honggowono. Aran kembar kuwe diarani Nunggak Semi. Putune Ki Gede Sebayu kuwe diangkat dening Sultan Agung dadi adipati Tegal. Arane diganti dadi Ki Gede Honggowono Secomenggolo utawa Tumenggung Reksonegara I.


------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

LEGENDA DESA BERAHAN

Miturut carita, menawa Desa Berahan kuwi nduweni legenda. Nalika ing zaman ndhisik ing tlatah Kecamatan Wedung iseh sepi wargane amarga isih rupa alas. Ing sawijining dina teka ana wong kang asma Kanjeng Raden Burhan, dheweke kuwi sawijining pemuka agama Islam. Nalika wis tekan ing tlatah Wedung, Kanjeng Raden Burhan mlaku terus nganti tekan Desa Berahan. Ing wektu kuwi Desa Berahan uga iseh rupa alas, mula Kanjeng Raden Burhan nduwe tekad arep mbabati tanduran ing Desa Berahan nganti enthek. Kanjeng Raden Burhan kersa mbabati amarga dheweke wis krasa krasan urip ing tlatah kana lan dheweke uga wis nduwe pepinginan arep urip utawa omah-omah ing kana.
Kanjeng Raden Burhan urip karo bojone ing Desa Berahan. Ndhisike Desa Berahan kuwi durung dhuwe jeneng, sakbubare tanduran wis padha dibabati karo Kanjeng Raden Burhan, dheweke terus ngendika yen tanduran kang ana kene kok akehe ngene yo, ambrah-ambrah ora karuan, mula desa kuwi diarani Berahan.
Ndhisike wong kang urip ing Desa Berahan namung Kanjeng Raden Burhan karo bojone, nanging saya suwe saya akeh amarga saka anake dhewe Kanjeng Raden Burhan karo para warga saka desa liya.
Amarga Desa Berahan gedhe, mula dipisah dadi loro yaiku kang sisih wetan diarani Berahan Wetan lan kang sisih kulon diarani Berahan Kulon. Berahan Kulon kang dadi panggonane Kanjeng Raden Burhan sakulawarga.
Bedhane Berahan Kulon karo Berahan Wetan ora namung panggonane, gedhene desa uga dadi bedane. Menawa Desa Berahan Kulon kuwi desane cilik, wargane sithik nanging bandha desane akeh. Menawa Berahan Wetan desane gedhe, wargane uga akeh, desane kapisah-pisah maneh dadi akeh dusun, lan bandha desane akeh. Kang dadi wates antarane Desa Berahan Kulon karo Desa Berahan Wetan yaiku kali.
Sakiki Kanjeng Raden Burhan kang dadi perintis Desa Berahan wis suwe seda. Kanggo ngormati jasane dheweke, Kanjeng Raden Burhan dimakamake ing mburine Mejid Jami` Al Burhan, yaiku masjid Desa Berahan Kulon. Nanging makame bojone Kanjeng Raden Burhan ing Desa Wedung ora sesandingan karo makame Kanjeng Raden Burhan.
Ndhisike makame Kanjeng Raden Burhan ora dirumati karo warga, nanging sakwise ana kadadeyan-kadadeyan kang dianggep aneh mula para warga gotong royong mbangun makame Kanjeng Raden Burhan.
Makam Kanjeng Raden Burhan nganti sakiki isih dirumati kanthi gemati mula isek apik. Menawa ana apa-apa kang rusak cepet-cepet didandani. Kanggo ngeling-eling jasane Kanjeng Raden Burhan nalika tanggal 1 Sura dianakake khoul.
Neng Desa Berahan Kulon kuwi ana Mejid Jami` Al Burhan kang sejatine kuwi gaweyane Kanjeng Raden Burhan. Mejide kuwi ndhisike bangunane kaya Masjid Agung Demak. Ing Masjid Agung Demak ana lawang bledege, ing Berahan Kulon masjide uga ana lawang bledege. Nanging sakiki mejide wis akeh kang diowah-owahi amarga wis tuwa.
Nalika Kanjeng Raden Burhan taksih gesang, dheweke nduwe kawibawan lan sekti mandraguna lan diajeni karo warga. Anggone nyebarake agama Islam nganti ngrembaka.
Ing carita yen putri Dewi Amiswati putrane Prabu Brawijaya, raja Majapahit kang pungkasan, kepingin sowan ing daleme kanjeng Raden Burhan amarga dheweke kepingin namba penyakit kulite. Dewi Amiswati gandhane amis, gudhigen mula dheweke kepingin namba supaya waras. Dewi Amiswati sakwise tekan ing Desa Berahan Kulon kepanggih kaliyan Kanjeng Raden Burhan kang kaya disaranake, dheweke banjur diutus Kanjeng Raden Burhan supaya adus ing Sendhang Kencana. Ing carita Sendhang Kencana kuwi panggonane adus bidadari saka kahyangan, lan Sendhang Kencana kuwi dalan kang tumuju kuburan ing Desa Berahan Wetan karo Dukuh Ketapang. Ing kuburan kuwi ana sumure kang ajaib, banyune bisa kanggo tamba warga liya-liyane, menawa ana bayi kang lair driji tangane utawa driji sikile kumpul, lan menawa ana bayi kang lair embon-embonane wis thukul rambut putih yaiku namung ana embon-embon.
Kebeneran ana bayi loro lair kang diajab mau ana. Mula banyu saka sumur mau bisa kanggo tamba warga kana lan liya-liyane. Amarga ana kadadeyan kaya mau, ndadekake dukane Pemerintahane Landa, amarga bisa nggawe cuwane dokter. Terus sumur mau diurug lan ditutup karo Landa nganti sakiki.
Dewi Amiswati saklebare adus ing Sendhang Kencana mau mbasuh pasuryane lan kulite dadi waras lan gandane malih dadi wangi, ora amis maneh. Kanggo mbales budine Kanjeng Raden Burhan, Dewi Amiswati ora gelem bali menyang Majapahit nanging ngabdi karo Kanjeng Raden Burhan lan gelem didadekake bojo. Saklebare Dewi Amiswati seda, dheweke dimakamake ing mburine mejid Berahan Wetan, Kanjeng Raden Burhan dimakamake ing mburine Mejid Jami` Al Burhan Berahan Kulon lan bojo kang tuwa dimakamake ing mburine Mejid Al Falah Wedung. Asal usul tembung Wedung kuwi amarga Kanjeng Raden Burhan mbabat alas ing kana, alate kang jenenge Wadhung ilang, lan ilange kuwi ing kali mburine Balai Rama Wedung. Nganti sakniki Wedung dadi jeneng Kecamatan.
Ndhisike carita wong-wong tuwa cedhak karo ilange Wadung ing kreteg, menawa ana wong kang liwat atawa nyebrang ngambet gandha banger, banjur ngidu teras kemawon tutuke wong mau perot.
Mula carita asal usul Desa Berahan Kulon mau ditulis ing buku gedhe nganti kertase mangkak lan tulisane nganggo tulisan arab gundul. Berahan saka tembung ambrah-ambrah ora karuan maksude akeh bandha desane, wong Jawa pakulinane ngucapake Berahan.
Ing Desa Berhan Kulon sisih kidul ana mejid tiban amarga ujug-ujug ana mejid lan menawa wis mlebu wektu sholat, bedhuge muni dhewe. Kadadeyan kaya mau ana terus naganti suwe. Amarga ing wektu kuwi kampung mejid kana ana seni budaya barongan utawa jaran kepang utawa jathilan lan wargane lali marang Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, kang dielingi namung jathilan. Lan anehe masjid tiban mau sirna utawa ilang lan bedhuge sakniki ana ing Mejid Terboyo Semarang lan ana tulisane Bedhug Berahan. Bebarengan karo ilange mejid tiban mau, malah ana tiban maneh yaiku Balai Rama ana ing sisih wetane lan madhepe adhep-adhepan karo mejid tiban mau. Balai Rama sakiki isih ana lan menawa wulan apit ana Sedekah Desa yaiku ringgit kanggo ngresiki desa. Papan kang dhisike ana mejid tibane sakniki dibangun Mushola Al Falah. 

Legenda Kedungbenda




            Ana desa jenenge Kedungbenda, Kecamatan Kemangkon kabupaten Purbalingga. Panggonane sakulone kali Klawing. Miturut crita bisane diarani Kedungbenda merga masyarakat ing desa kuwi akeh kang duwe harta benda uatawa banda.
Ing desa Kedungbenda ana kali sing diarani kali Bungul. Ing panggonan kuwi banyune bening lan akeh iwak-iwak cilik padha nglangi. Kali Bungul dianggep kramat dening warga sekitar, merga banyu sing ana ing kana tetesan banyu para dewa , masyarakat sekitar ora ana sing wani adus ning kana, apa maneh njukut banyune. Mitose yaiku sapa kang wani adus bakal kena kutukane para dewa yaiku kulite gatel-gatel. Merga ana larangan kaya kuwi dadi dukuh sing ana ing sebelah wetan kali Bunul diarani dukuh Larangan. Wong kang urip ing desa Kedungbenda dikenal serba kecukupan alias sugih-sugih.
Kacarito ing dukuh Larangan, desa Kedungbenda ana wong kang urip sugih banget kang arane Satirta. Kabeh wong ngerti dene Satirta dianggep womg kang paling sugih ning desa Kedungbenda.
Merga Kedungbenda dikenal desa kang masyarakate serba kecukupan, ana salah sijine wong kang duweni niat ora apik, wong mau jenenge Joko Lelana. Dheweke arep nyolong bandane Satirta. Awan bengi ngincengi umahe Satirta, golet kesempatan kang pas kango nyolong bandane. Kanthi nyamar-nyamar dadi suket lan pengemis.
Let pirang dina desa Kedungbenda ketekan ulama sing arane Suka Sabda sing artine seneng aweh wejangan. Tekane Suka Sabda ing Kedungbenda arep nyebarke agama Islam, ben masyarakat padha mlaku  ing dalan kang bener. Dheweke nduweni daya linuwih, sing bisa weruh kedadeyan sing arep kedadeyan.
Kanggo nggagalake niat alane Joko Lelana, Suka Sabda mampir lan mertamu ning umahe Satirta. SAtirta bingung amarga umahe ketekan tamu kang during dikenal. amarga wektune wis kesoren dadi Suka Sabda nginep ning umahe Satirta. Sewengi suwene Suka Sabda njagani umahe Satirta karo nyambi nyebarake agama islam.
Awit sore Joko Lelana wis nyusun niat alane lan wis nduweni angen-ange bakal olih asil colongan akeh. Nanging nganti tengah wengi SAtirta during turu, dheweke ngobrol karo Suka Sabda. Akhire Joko Lelana bali menyang panggonane tanpa asil apa-apa.
Srengenge wis katon padhang, ora let suwe Suka Sabda bali maneh menyang umahe Satirrta. Dheweke ngomong menawa umahe Satirta dadi incerane maling mula dheweke nginep ning umahe Saturta. Krungu kaya kuwi, Saturta dadi isin amarga dheweke krasa awit sepisan ketemu Suka Sabda, dheweke wis ndhuweni prasangka elek.
Oara kanyana Joko Lelana ngrungoke omongane wong loro mau, banjur dheweke nesu lan nyusun ranaman utawa rancangan elek maneh. Niate menawa Joko Lelana metu saka umahe Satirta, gulune arep ditugel. Kanyatane sabetane Joko Lelana mleset, malah sing kena anune. Saking larane, Suka Sabda ngguling-ngguling utawa gelimpangan. Panggonan tibane Suka Sabda diarani Gelimpangan lan saiki owah dadi dukuh Gelempang.
Awit kedadeyan kuwi Joko Lelana ngoyak Suka Sabda nganti kuburane. Banjur wong loro mau mlebu ing jero bumi kabeh. Desa mau dijenengi dukuh Soka Sada.
Barange Suka Sabda kang kekethok mau dadi watu kang bentuke barange wong lanang kang ukurane dawa 32 cm, amba 29 cm lan kandele 23 cm.
    

Postingan populer dari blog ini

CONTOH NASKAH DRAMA BAHASA JAWA

UPACARA ADAT JAWA

SEJARAH DESA PENGGARIT